Sambutan
kepala sekolah :
Assalammu’alaikum
wr.wb.
Kula
selaku kepala sekolah, ngaturaken matur nuwun awit wekdal ingkang sampun dipun
paringaken dumateng kawula ingkang wonten Upacara Pelantikan OSIS SMEA
3 Ngayogyakarta Periode 2008/2009. Mugi-mugi wekdal
menika kula ginakaken ingkang sak sae-saenipun. Kula badhe ngaturaken bilih
pelantikan OSIS menika kula wiwiti, sumangga kita sedanten ngucap basmalah
sareng-sareng (bismillahhirrohmaanirrohim). Lajeng, upacara menika kula bikak.
Lajeng kula badhe ngaturaken sekedik pramila pengurus OSIS supados saged dados
panutan kangge para siswa siswi, tingkah budi ingkang sae. Wonten ngajeng
kegiatan dados panutan. Ananging ampun ngantos organisasi, pelajaranipun boten
keurus lan bijinipun kirang sae. Makaten atur-atur saking kula. Mugi-mugi
organisasi menika saged lumampah sami lancar. Amin, amin yarobbal’alamin.
Wassalammu’alaikum
wr.wb.
Sambutan
wakil kepala sekolah :
Assalammu’alaikum
wr.wb.
Kula
selaku wakil kepala sekolah, ngaturaken bilih dinten menika tanggal 23 November
2008 sekolah kita ngawontenaken pelantikan pengurus OSIS ingkang dipun lantik
dening bapak kepala sekolah. Awit saderengipun dipunlantik, kula badhe
ngaturaken sekedik menawi OSIS menika penting, awit menapa sekolah SMEA 3
Ngayogyakarta tanpa OSIS boten saged lumampah ingkang sae. Supados makaten,
kita sami ngarepaken bilih pengurus OSIS menika saged dadosaken sekolah menika
gadhah kegiatan-kegiatan ingkang efektif kaliyan saged dipunmanfaataken.
Makaten atur-atur kula, mugi-mugi pengurus OSIS tahun 2008/2009 menika saged
lumampah kanthi sae. Bilih menika supados bapak kepala sekolah saged nglantik
para siswa ingkang dados pengurus OSIS, matur nuwun.
Wassalammu’alaikum
wr.wb.
Sambutan
OSIS enggal :
Assalammu’alaikum
wr.wb.
Matur
nuwun saking bapak kepala sekolah, mugi-mugi organisasi menika saged lumampah
ingkang sampun dipunkersakaken. Mugi-mugi organisasi OSIS menika tansah
lumampah saged manunggal kaliyan boten ndadosaken bedanipun pendapat. Kula
selaku perwakilan saking kanca-kanca nyobi ingkang sae ndadosaken conto kangge
kanca-kanca sanesipun. Mugi-mugi angkatan OSIS tahun 2008/2009 menika dados
mujudaken nami ingkang sae kangge sekolah menika. Makaten saking kula, mbok
bilih kathah lepat saking atur kula, kula ngaturaken agenging panuwun.
Wassalammu’alaikum
wr.wb.