contoh Sambutan kepala sekolah dalam bahasa jawa

By zoeythinking - April 23, 2015



Sambutan kepala sekolah :
Assalammu’alaikum wr.wb.
Kula selaku kepala sekolah, ngaturaken matur nuwun awit wekdal ingkang sampun dipun paringaken dumateng kawula ingkang wonten Upacara Pelantikan OSIS SMEA 3 Ngayogyakarta Periode 2008/2009. Mugi-mugi wekdal menika kula ginakaken ingkang sak sae-saenipun. Kula badhe ngaturaken bilih pelantikan OSIS menika kula wiwiti, sumangga kita sedanten ngucap basmalah sareng-sareng (bismillahhirrohmaanirrohim). Lajeng, upacara menika kula bikak. Lajeng kula badhe ngaturaken sekedik pramila pengurus OSIS supados saged dados panutan kangge para siswa siswi, tingkah budi ingkang sae. Wonten ngajeng kegiatan dados panutan. Ananging ampun ngantos organisasi, pelajaranipun boten keurus lan bijinipun kirang sae. Makaten atur-atur saking kula. Mugi-mugi organisasi menika saged lumampah sami lancar. Amin, amin yarobbal’alamin.
Wassalammu’alaikum wr.wb.


Sambutan wakil kepala sekolah :
Assalammu’alaikum wr.wb.
Kula selaku wakil kepala sekolah, ngaturaken bilih dinten menika tanggal 23 November 2008 sekolah kita ngawontenaken pelantikan pengurus OSIS ingkang dipun lantik dening bapak kepala sekolah. Awit saderengipun dipunlantik, kula badhe ngaturaken sekedik menawi OSIS menika penting, awit menapa sekolah SMEA 3 Ngayogyakarta tanpa OSIS boten saged lumampah ingkang sae. Supados makaten, kita sami ngarepaken bilih pengurus OSIS menika saged dadosaken sekolah menika gadhah kegiatan-kegiatan ingkang efektif kaliyan saged dipunmanfaataken. Makaten atur-atur kula, mugi-mugi pengurus OSIS tahun 2008/2009 menika saged lumampah kanthi sae. Bilih menika supados bapak kepala sekolah saged nglantik para siswa ingkang dados pengurus OSIS, matur nuwun.
Wassalammu’alaikum wr.wb.


Sambutan OSIS enggal :
Assalammu’alaikum wr.wb.
Matur nuwun saking bapak kepala sekolah, mugi-mugi organisasi menika saged lumampah ingkang sampun dipunkersakaken. Mugi-mugi organisasi OSIS menika tansah lumampah saged manunggal kaliyan boten ndadosaken bedanipun pendapat. Kula selaku perwakilan saking kanca-kanca nyobi ingkang sae ndadosaken conto kangge kanca-kanca sanesipun. Mugi-mugi angkatan OSIS tahun 2008/2009 menika dados mujudaken nami ingkang sae kangge sekolah menika. Makaten saking kula, mbok bilih kathah lepat saking atur kula, kula ngaturaken agenging panuwun.
Wassalammu’alaikum wr.wb.



  • Share:

You Might Also Like

0 comments